Setunggaling penceramah Muslim saweg paring sesorah dhateng kempalan umat Islam:
Islam nggadhahi kekajengan badhe nyirnakaken dinten Valentine. Ugi badhe nyirnakaken prastawa kados dene cariyos Layla lan Majnun (cariyos TRESNA kina saking Arab). Lare jaler lan estri ingkang sami nandhang tresna punika minangka korining tumindak boten prayogi.
Sedaya bandha kawula panjenengan ingkang magepokan kaliyan TRESNA, saenipun namung awujud cariyos tresnanipun Kanjeng Nabi kaliyan 'Aisha. Boten wonten ingkang saged paring inspirasi babagan katresnan ngungkuli Kanjeng Nabi kita.
Kramaaken anak estri panjenengan nalika nembé balig (puber), kados dene 'Aisha, supados lare-lare punika boten nggadhahi kalodhangan dhawah ing salebeting tumindak ala awujud katresnan ingkang boten prayogi kaliyan lare jaler pundi kamawon.
Nanging, kados pundi sejatosipun katresnan antawisipun Muhammad kaliyan
Aisha punika:
Nalika Muhammad terus-terusan nggarwa wanita-wanita sanesipun ingkang mindhak kathah, nggataken 'Aisha mindhak duka dhateng Muhammad. Prastawa punika ngantos dumugi ing tataran 'Aisha matur dhateng Muhammad bilih piyambakipun wiwit mangu-mangu (ragu) dhateng kanabianipun Muhammad. Aisha ngendika dhateng Muhammad, kenging menapa Allah saestu enggal-enggalan (nggampilaken) ing salebeting nurunaken ayat-ayat Al-Quran ingkang namung kagem nyekapi kekajengan syahwatipun (Sahih Bukhari, 5113)?
Dhumateng umat Muslim ingkang kinurmatan! Nyuwun tulung pitakenan punika dipunpikiraken ing salebeting manah piyambak-piyambak:
Menapa katresnan antawisipun Layla lan Majnun saestu minangka tumindak ingkang boten prayogi?
