Ringkesan Cepet / TL;DR
Para apologis Muslim modern (kados Zakir Naik) nembenembe menika ngginakaken terjemahan ingkang mboten trep saking Ayat Quran 51:47 lan nggadhahi klaim bilih Allah sampun nate ngendika babagan mekarin...

Miturut sains, jagad raya menika terus tansah mekar wiyar.

Para apologis Muslim modern (kados Zakir Naik) nembe-nembe menika ngginakaken terjemahan ingkang mboten trep saking Ayat Quran 51:47 lan nggadhahi klaim bilih Allah sampun nate ngendika babagan mekaring jagad raya ingkang terus-terusan wonten ing Quran. Terjemahan modern ingkang dipun-simpangaken menika kados ing ngandhap niki:

(Quran 51:47) وَالسَّمَاءَ بَنَيْنَاهَا بِأَيْدٍ وَإِنَّا لَمُوسِعُونَ
Terjemahan:

(Muhammad Asad) "Iku Ingsun kang mbangun jagad raya kanthi kekuwatan [riptaan Ingsun]; lan salajenge, saestu Ingsun kang terus njembarake iku." (Harun Yahya ngginakaken terjemahan menika wonten ing bukunipun. Pranala)

(Hilali/Khan) Kanthi kekuwatan Ingsun mbangun langit. Saestu, Ingsun Kuwasa njembarake bagean papan ingkang jembar saking langit kasebat. (Zakir Naik ngginakaken terjemahan menika wonten in bukunipun. Pranala)

(Khalifa) "Ingsun mbangun langit kanthi astanipun Ingsun, lan Ingsun bakal terus njembarake iku."

Menika saestu kalebet terjemahan ingkang dipun-simpangaken sanget saking kalih tembung pungkasan saking ayat menika (inggih menika وَإِنَّا لَمُوسِعُونَ)

وَإِنَّا tegesipun "lan saestu, Kita (Allah)"

لَمُوسِعُونَ tegesipun "ingkang Maha Njembaraken" utawi "Dzat ingkang Maha Njembaraken".

Amargi saking menika, terjemahan ingkang leres saking ayat menika inggih:

(Quran 51:47) Lan langit iku Ingsun bangun kanthi kekuwatan, lan saestu,Kita (Allah) iku Dzat kang Maha Njembarake.

Tembung “lamūsi’ūn” wonten ing ayat menika mujudaken sawijining "TEMBUNG SESULIH/BENDA (NOUN)" lan sanes "Tembung Kriya (Verb)", lan tembung kasebat nerangaken babagan "Gusti Allah" lan sanes babagan "langit" (inggih menika, tembung “lamūsi’ūn” nggadhahi teges "Gusti Allah iku Dzat kang Maha Njembarake", sanes tegesipun "Jagad Raya menika terus mekar wiyar".

 

Terjemahan Tembung baka Tembung lan Tata Basa ingkang dipun-sajikaken dening Corpus Quran:

Corpus Quran menika mujudaken proyèk Muslim, ingkang nyamektakaken terjemahan tembung baka tembung saking Quran lan ugi tata basanipun. Mangga kita pirsani punapa ingkang dipun-andharaken wonten ing mriku (pranala):

!(https://corpus.quran.com/wordimage?id=67426) | !(https://corpus.quran.com/wordimage?id=67427) |
lan saestu, Kita (Allah)
saestu Kita (Allah) iku Dzat kang Maha Njembarake.
PRON – Tembung sesulih tiyang kaping pisan jamak minangka objek | N – tembung sesulih nominatif maskulin jamak (form IV) active participle

 

Ayat (51:47)

!(http://www.everyayah.com/data/images_png/51_47.png)

Sahih International: And the heaven We constructed with strength, and indeed,We are [its] expander. (Lan langit iku Ingsun bangun kanthi kekuwatan, lan saestu, Kita iku Dzat kang Maha Njembarake).

 

Menika mujudaken teges "harfiah" saking tembung "mūsi’" . Nanging, wonten ing Quran, tembung menika lan turunipun ugi dipun-ginakaken kagem negesaken babagan "Ngliputi/Meliputi".

Mangga dipun-pirsani ayat-ayat ing ngandhap menika:

(Quran 6.80) Pangeran kawula wasi’a (nglimputi) sadaya perkawis wonten ing ngèlmunipun.

(Quran 7.89) Pangeran kita wasi’a (nglimputi) sadaya perkawis wonten ing ngèlmunipun.

(Quran 20.98) [Piyambakipun] wasi’a (nglimputi) sadaya perkawis wonten ing ngèlmunipun.

Ugi pirsani ayat 65:12, ingkang kanthi langsung ngginakaken tembung "احاط" (nglimputi) tinimbang ngginakaken "wasi’a"

(Quran 65:12) وَأَنَّ اللَّهَ قَدْ أَحَاطَ بِكُلِّ شَيْءٍ عِلْمًا
Terjemahan: lan bilih Gusti Allah iku nglimputi sadaya perkawis ing dalem kawruh-Nipun

Dadi, ayat 51.47 menika kedah dipun-pahami kados makaten: "Lan langit iku Ingsun bangun kanthi kekuwatan lan Kita lamūsi’ūn (nglimputi langit kasebat)."

Ayat menika negesaken bilih langit menika saestu wonten ing panguwasanipun Gusti Allah kanthi wetah. Mboten wonten babar pisan rujukan ingkang nedahaken bilih wonten mekaring langit. Tembung “lamūsi’ūn” menika nerangaken bab Gusti Allah, sanes nerangaken langit.

Mboten wonten setunggal-setunggalipun para penerjemah jaman kina ingkang nate maringi teges "Present perfect continuous" kados para apologis Islam modern menika. Mangga kita pirsani sawetara terjemahan jaman riyin:

Yusuf Ali: Kanthi kekuwatan lan kaprigelan Ingsun mbangun langit: amarga Ingsun kang nitahake jembare papan kasebut.

Pickthal: Ingsun wis mbangun langit kanthi kekuwatan, lan Ingsun kang mujudake jembare papan (ing kono).

Shakir: Lan langit iku, Ingsun junjung luhur kanthi kekuwatan, lan saestu Ingsun kang nitahake perkawis-perkawis kanthi jembar.

H/K/Saheeh: Lan langit iku Ingsun bangun kanthi kekuwatan, lan saestu, Kita iku Dzat kang Maha Njembarake.

Ugi, mangga pirsani tegesipun tembung wasi’a wonten ing kamus basa Arab-Inggris wonten ing mriki.

Terjemahan ingkang Lepat saking Para Muslim Modern Dipun-buktekaken wonten ing Ayat Salajengipun, inggih menika 51:48

Goroh menika mboten badhe saged langgeng. Para apologis Islam modern kabukten klentu wonten ing ayat salajengipun:

(Quran 51:48) وَالْأَرْضَ فَرَشْنَاهَا فَنِعْمَ الْمَاهِدُونَ
Terjemahan: Lan bumi iku Ingsun gelar; mila sae sanget Ingsun minangka Dzat kang nggelar/ngratakake!

Wonten ing ayat menika, tembung الْمَاهِدُونَ (Dzat kang nggelar/ngratakake) nggadhahi tata basa ingkang saestu sami (Active Participle Form I) kados dene tembung لَمُوسِعُونَ (inggih menika Dzat kang Maha Njembaraken) wonten ing ayat saderengipun.
Bilih kita kedah ndherekaken logika Muslim saking ayat saderengipun, mila terjemahan saking ayat salajengipun badhe dados kados mekaten:

(Quran 51:48) Lan bumi iku Ingsun gelar; lan Kita isih terus nggelar/ngratakake bumi iku kanthi ajeg.

Mangga dipun-pirsani terjemahan lan tata basanipun wonten ing Corpus Quran (pranala):

(51:48:4)
l-māhidūna
(are) the Spreaders! (yaiku para nggelar!)

!(http://corpus.quran.com/img/logo.png [! (http://corpus.quran.com/wordimage?id=67431)](http://corpus.quran.com/wordbyword.jsp?chapter=51&verse=48#(51:48:4)) [!(http://corpus.quran.com/ images/nav-next.png)](http://corpus.quran.com/wordmorphology.jsp?location=(51:49:1)) |
N – nominative masculine plural active participle اسم مرفوع

 

Ayat (51:48)

Analisis ing nginggil menika rujukanipun dhumateng ayat kaping 48 saking surat kaping 51 (sūrat l-dhāriyāt):

!(http://web.archive.org/web/20170915115710im_/http://www.everyayah.com/data/images_png/51_48.png)

Sahih International: And the earth We have spread out, and excellent is the preparer. (Lan bumi iku wis Ingsun gelar, lan sae sanget Dzat kang nyawisake).

Saking mriku saged dipun-pirsani, bilih para penerjemah Quran modern kasebat ugi mboten pitados bilih Allah taksih terus nggelar/ngratakake bumi ngantos sakmenika. Amargi saking menika, wonten ing mriki piyambakipun sedaya mboten nerjemahaken ayat kasebat kados dene ingkang dipun-lampahi wonten ing ayat saderengipun. Mangga kita pirsani kados pundi piyambakipun sedaya nerjemahaken ayat salajengipun menika:

(Hilali/Khan 51:48) Lan Kita wis nggelar bumi, saeba sae lan mulya Dzat kang nggelar (bumi) iku!

(Asad 51:48) Lan bumi iku wis Ingsun gelar kanthi jembar - lan saeba endah Ingsun nata iku!

(Khalifa 51:48) Lan Kita ndadekake bumi pantes dienggoni; sawijining rancangan kang sampurna.

Kanthi mekaten, panjenengan saged mirsani piyambak tumindak saking para Penerjemah lan apologis Islam kados dene Zakir Naik lan Harun Yahya menika.

Jagad Raya menika dumadi saking "Ruang", dene Langit ing Quran menika mujudaken sawijining Kubah ingkang Bakuh/Kukuh ingkang mboten saged mekar

Sajatosipun, Islam mboten namung klentu, nanging "lepatipun menika sampun kelangkung-langkung" satemah ndamel tiyang bingung kedah dipun-mulai saking pundi anggenipun badhe paring katerangan babagan klaim ingkang klentu kasebat.

Miturut sains, jagad raya menika dumadi saking ruang/papan, lan galaksi-galaksi menika sami lumampah nebihi saking setunggal lan liyane wonten ing ruang kasebat, saéngga menika dipun-anggep minangka sawijining mekaring jagad raya.

Nanging miturut panyerat Quran:

  • Mboten wonten katerangan babagan jagad raya (universe), nanging namung ngrembag babagan bumi lan pitung langit.
    Para apologis Islam ing jaman sakmenika kanthi mboten jujur nyimpangaken teges saking tembung Quran "Sama" (inggih menika Langit), lan nggadhahi klaim bilih tegesipun inggih menika "jagad raya".
  • Nanging miturut panyerat Quran, pitung langit kasebat mujudaken sawijining kubah ingkang "bakuh/kukuh" (solid), ing pundi para nabi nggadhahi papan padunungan sesarengan kaliyan umatipun.
  • Lan mboten badhe saged kedadosan bilih sawijining kubah ingkang bakuh/kukuh menika saged mekar wiyar kados dene mekaring jagad raya ingkang dipun-sebabaken dening lampahing galaksi-galaksi wonten ing ruang angkasa.

Mboten wonten katerangan babagan mekaring Jagad Raya ingkang terus-terusan wonten ing 800.000 Hadits Islam

Milyaran umat Muslim sampun maos sedaya isining Quran ing salwiring 14 abad pungkasan menika, nanging mboten wonten setunggal wae saking piyambakipun sedaya ingkang manggihaken babagan mekaring jagad raya ingkang terus-terusan wonten ing Quran.
Nanging ing jaman sakmenika, nalika kemajuan sains sampun dipun-gayuh lan manungsa wiwit mangertos babagan mekaring jagad raya, nembe para apologis Islam menika tumindak lan kanthi peksan mendhet katerangan mekaring jagad raya saking Quran lumantar dalan penyimpangan teges.
Umat Muslim nggadhahi langkung saking 800.000 Hadits, nanging ugi wonten ing salwiring 1400 taun pungkasan menika, mboten wonten tiyang setunggal wae ingkang nate manggihaken babagan mekaring jagad raya wonten ing kitab-kitab kasebat.

!(https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/6f/CMB_Timeline300_no_WMAP.jpg/525px-CMB_Timeline300_no_WMAP.jpg){width=“525” height=“341”}

Verifikasi & Investigasi

Kabeh pratelan sing ana ing artikel iki asale langsung saka sumber Islam primer (Quran, Hadits Sahih, lan Tafsiran klasik). Pembaca dianjurake banget kanggo ngeklik referensi lan verifikasi konteks kanthi mandiri.

CC0
Dedikasi Domain Umum CC0 Creative Commons

Bebas bae kanggo nyalin, nerjemahake, nyunting, nerbitake maneh, utawa nyetak artikel iki. Ora ana atribusi sing dibutuhake.