(1) Sahih Bukhari, 7116:
Utusanipun Allah ngendika, "Dinten Pungkasan mboten badhe kelaksanan ngantosbokongipun para wanita sakingsuku Dausobah nalika ngubengi (reca)Dhi-al-Khalasa."
Wonten ing dinten menika, suku Daus mboten wonten, mekaten ugi para wanitanipun ingkang saged ngobahaken bokongipun.
Lan mboten wonten reca Dhi-al-Khalasa ingkang wonten, mekaten ugi mboten wonten tiyang ingkang nyembah reca kasebat.
(2) Sahih Bukhari, 81:
Utusanipun Allah ngendika: Saking antawisipun tanda-tanda Dinten Pungkasan inggih menika: ... Cacahipun wanita badhe mindhak kathah lan cacahipun priya badhe suda, saénggaseket wanitabadhe dipun-urusi déning setunggal priya.
Èlmu kawruh (sains) sampun ngasoraken Muhammad. Èlmu kawruh sampun majeng ngantos dumugi tataran ingkang saged nyegah ketimpangan kasebat antawisipun 1 priya lan 50 wanita. Kasunyatannipun, èlmu kawruh sampun ngasilaken bukti ingkang kosok wangsul kaliyan prediksi Muhammad, ing pundi cacahipun wanita langkung sithik tinimbang priya ing dinten menika.
(3) Sahih Bukhari, 50:
(Utusanipun Allah ngendika: Dinten Pungkasan badhe rawuh) Nalika setunggaling budak (wanita) nglairaken bendaranipun.
Nanging masarakat Kilèn (Barat) ingkang mboten nggadhahi agami sampun ngasoraken Allah lan Qiyyamah-Ipun, nalika piyambakipun sedaya sesarengan mbirat sistem perbudakan. Saéngga, mboten wonten malih budak wanita ingkang saged nglairaken bendaranipun.
(4) Sahih Muslim, 2953b:
Anas b. Malik nglaporaken bilih wonten tiyang ingkang nyuwun pirsa dhateng Utusanipun Allah: Kapan Dinten Pungkasan badhe rawuh? Salajengipun Utusanipun Allah (mugi kawilujengan tansah katur dumateng piyambakipun) kendel sawetawis wektu. Piyambakipun lajeng mirsani lare jaler ingkang wonten ing ngajengipun saking suku Azd Shanu'a lan ngendika: Menawi lare menika gesang, piyambakipun mboten badhe sepuh sanget ngantos Dinten Pungkasan rawuh dumateng panjenengan sedaya. Anas ngendika bilih lare jaler kasebat sak-umur kaliyan kita sedaya ing wektu kasebat.
Lare jaler kasebat mboten namung dados sepuh, nanging piyambakipun ugi sampun seda sawetawis 1400 taun ingkang kepengker, nanging mboten wonten dinten pungkasan ingkang rawuh sadurunge piyambakipun dados sepuh. Sakmenika panjenengan saged nemtokaken kanthi langkung prayogi, menapa menika Wahyu Ilahi saking swarga, utawi namung sandiwara manungsa saking Muhammad.
Objection: Nanging Perbudakan Seks Taksih Wonten:
Setunggaling apologist nggadhahi panyaruwe kados menika:
Perbudakan seks taksih wonten, lan Nabi Muhammad saweg ngendikakaken bab kasebat.
Mboten leres.
Prostitusi paksa mboten namung dumateng prekawis ing dinten menika, nanging sampun wonten ing sadawaning sajarah (kalebet ing jaman Muhammad), ing pundi para wanita ingkang mboten gadhah dipunpeksa nindakaken prostitusi déning para durjana.
Menawi pancen Muhammad kersa ngendikakaken bab perbudakan seks, piyambakipun temtu badhe ngginakaken tembung prostitusi paksa.
Nanging sampun cetha bilih Muhammad saweg ngendikakaken babagan perkawis ingkang sah ing jamanipun, lan mboten dipun-salah-ginakaken. Nanging perkawis kasebat badhe OWAH lan dipun-salah-ginakaken ing tembe buri (masa depan), lan badhe dados tanda rawuhipun dinten pungkasan.
Apologist sanesipun nggadhahi panyaruwe kados menika:
Hadith menika nggadhahi teges bilih para ibu badhe nglairaken lare-lare ingkang badhe ndadosaken piyambakipun sedaya kados budak. Kados dene lare-lare ingkang dipun-uja sanget ngantos saged tumindak dhumateng tiyang sepuhipun kados budak. Sajatosipun, menika minangka kemunduran moral.
Panyaruwe ingkang mboten kiyat, kamangka Muhammad saged ngendika kanthi prasaja ngginakaken tembung-tembung biasa bilih setunggaling ibu (menapa menika budak utawi wanita mardika) badhe nglairaken lare ingkang badhe tumindak kados bendara dhumateng ibunipun.
Amargi saking menika, mboten wonten satunggal-tunggalipun tiyang Muslim ing 1400 taun kepengker ingkang nate nggadhahi teges kados menika saking Hadith kasebat, lan piyambakipun sedaya tetep nggadhahi teges menika namung kagem ibu budak kemawon, mboten kagem wanita Muslim ingkang mardika lan lare-larepun.
Objection: Candhi Dhul-Khalasa Pancen Sampun Dipun-panggihaken
Para apologist Islam modern nggadhahi klaim ingkang mboten cetha bilih Dhul-Khalasa dipun-panggihaken lan dipun-leburaken kaping kalih malih. (ingkang kapisan sawetawis taun 1800 lan ingkang kaping kalih ing taun 1915)
Kita sampun mangertos bilih kathah peradaban ingkang wonten ing tanah Arab kina, lan patilasanipun taksih wonten ing ngrika. Tiyang Muslim mardika kagem ndamel cariyos piyambak, lan mboten wonten cara kagem mastani bener-salahipun. Perkawis menika sami kados nalika Muhammad nyariyosaken babagan swarga lan dhampar (Arsy) Allah, nanging mboten mungkin kagem dipun-beneraken utawi dipun-selaki.
Kajaba saking menika:
- Menawi suku Daus taksih wonten ing dinten menika, tegesipun piyambakipun sedaya taksih wonten ing sadawaning sajarah (sawise sedanipun Muhammad).
- Lan menawi piyambakipun sedaya dipun-panggihaken saweg nyembah ing patilasan kasebat ing taun 1800 lan 1915, tegesipun ugi piyambakipun sedaya bébas nyembah reca kasebat ing sadawaning 14 abad kepengker sawise sedanipun Muhammad.
Lajeng, kenging menapa dinten pungkasan dèrèng ugi rawuh ngantos sakmenika?
Miturut prediksi Muhammad, dinten pungkasan kudunipun sampun rawuh ing abad-abad kepengker, nalika tiyang-tiyang suku Daus saged nyembah ing patilasan kasebat ing sadawaning abad-abad kasebat.
Tiyang ingkang wicaksana sampun nate ngendika, panjenengan kedah ndamel atusan goroh malih kagem nutupi goroh setunggal kemawon.
Objection: Muhammad Mboten Nggadhahi Teges DINTEN PUNGKASAN, Nanging Tegesipun Sedanipun Para Sahabatipun Ingkang Nyuwun Pirsa Perkawis Menika
Para apologist Islam nggadhahi panyaruwe kados menika:
Ingkang dipun-karsakaken saking rawuhipun Dinten Pungkasan ing riwayat-riwayat nginggil inggih menika rawuhipun wektu kagem para sahabat ingkang mirengaken, ingkang tegesipun sedanipun piyambakipun sedaya, kados dene riwayat ingkang dipun-laporaken déning 'Aa'ishah: "Piyambakipun mboten badhe dados sepuh sadurunge Dinten Panjenengan Sedaya badhe rawuh dumateng panjenengan sedaya."
Cetha sanget bilih menika panyaruwe ingkang mboten kiyat.
Wonten ing sedaya literatur Islam sanesipun, Dinten Pungkasan tansah dipun-ginakaken kagem nggambaraken Qiyyamah. Perkawis menika mboten wonten gegayutanipun kaliyan sedanipun saben tiyang piyambak-piyambak.
Mugi kersa dipun-gagas, menapa paedah saking pitakenan lan wangsulan ingkang mboten wonten gunanipun kados menika? Saben tiyang sampun mangertos bilih nalika lare-lare nungkat sepuh, tiyang-tiyang sepuh badhe seda sadurunge sedanipun lare-lare kasebat.
Sedaya tiyang Muslim ingkang saged ngginakaken nalaripun temtu mangertos dhumateng KASUNYATAN ing ngriki. Nanging emanipun, agami asring ndadosaken manungsa wuta lan budheg. Tiyang Muslim menika mboten maos kanyatan menika kagem ningali bebener lan tumindak adil, nanging piyambakipun sedaya maos kagem ndamel panyaruwe ingkang mboten-mboten kagem nabi piyambakipun sedaya.