Salah satunggaling gegaman ingkang paling ampuh lumantar agami inggih menika “Kamanungsan” ingkang wonten ing salebeting dhiri kita. Kamanungsan menika ingkang badhe nuntun kita kanthi leres lan saged paring pitedah benteripun perkawis ingkang leres kaliyan ingkang lepat.
Kajawi menika, wonten sisih peteng saking Islam ingkang dipunsidhem saking mripatipun bebrayan agung (publik) dening para Mullah. Kanthi kasunyatan bilih 99% umat Muslim piyambak mboten mangertosi wontenipun prakawis menika. Menawi kemawon umat Muslim mangertosi babagan sisih ingkang peteng menika, piyambakipun tamtu badhe nilaraken Islam.
Sapunika mangga kita pirsani Pranatan Sharia babagan “ngasoraken” para Non-Muslim wonten ing salebeting Nagari Islam.
Sahih Muslim (Link):
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ، أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ " لاَ تَبْدَءُوا الْيَهُودَ وَلاَ النَّصَارَى بِالسَّلاَمِ فَإِذَا لَقِيتُمْ أَحَدَهُمْ فِي طَرِيقٍ فَاضْطَرُّوهُ إِلَى أَضْيَقِهِ "
Rasulullah nate ngandika: Aja dhisiki ngucap salam marang wong Yahudi lan Nasrani sadurunge dheweke kabeh ngucap salam marang sira, lan yen sira kepethuk salah siji saka dheweke kabeh ana ing dalan, banjur giringen dheweke menyang bagean dalan sing paling cilik kanggo ngasorake dheweke kabeh.
Mangga kita pirsani riwayat ingkang sami saking Sunan al-Tirmidhi (online link):
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ، أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ " لاَ تَبْدَءُوا الْيَهُودَ وَالنَّصَارَى بِالسَّلاَمِ وَإِذَا لَقِيتُمْ أَحَدَهُمْ فِي الطَّرِيقِ فَاضْطَرُّوهُمْ إِلَى أَضْيَقِهِ " . قَالَ وَفِي الْبَابِ عَنِ ابْنِ عُمَرَ وَأَنَسٍ وَأَبِي بَصْرَةَ الْغِفَارِيِّ صَاحِبِ النَّبِيِّ صلى الله عليه وسلم . قَالَ أَبُو عِيسَى هَذَا حَدِيثٌ حَسَنٌ صَحِيحٌ . وَمَعْنَى هَذَا الْحَدِيثِ " لاَ تَبْدَءُوا الْيَهُودَ وَالنَّصَارَى " . قَالَ بَعْضُ أَهْلِ الْعِلْمِ إِنَّمَا مَعْنَى الْكَرَاهِيَةِ لأَنَّهُ يَكُونُ تَعْظِيمًا لَهُ وَإِنَّمَا أُمِرَ الْمُسْلِمُونَ بِتَذْلِيلِهِمْ وَكَذَلِكَ إِذَا لَقِيَ أَحَدَهُمْ فِي الطَّرِيقِ فَلاَ يَتْرُكُ الطَّرِيقَ عَلَيْهِ لأَنَّ فِيهِ تَعْظِيمًا لَهُمْ .
Bilih Rasulullah nate ngandika: "Aja dhisiki wong Yahudi lan Nasrani nganggo Salam. Lan yen salah siji saka sira kepethuk salah siji saka dheweke kabeh ana ing dalan, banjur giringen dheweke menyang bagean dalan sing paling cilik." ... [Abu 'Eisa (inggih menika Imam Tirmidhi) ngandika:] Hadith menika kalebet Hasan Sahih. Lan ngenani tegesipun Hadith menika: "Aja dhisiki wong Yahudi lan Nasrani": Sawetara ahli ilmu ngandika bilih tegesipun makruh amarga kuwi kalebu pakurmatan marang dheweke kabeh, dene umat Muslim dhawuhi kanggo ngasorake dheweke kabeh (wonten ing Quran Surah 9:29). Amarga alasan kuwi, nalika salah siji saka dheweke kabeh kepethuk ana ing dalan, dalan kuwi ora perlu diwenehake utawa disisihake kanggo dheweke, amarga tumindak mangkono padha wae karo ngajeni dheweke kabeh.
Sapunika mangga kita waos Ayat Al-Quran (9:29) ingkang dipunsebataken wonten ing nginggil dening Imam Tirmidhi ngenani pamasoripun para Non-Muslim.
(Quran 9:28-29) يأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُواْ إِنَّمَا الْمُشْرِكُونَ نَجَسٌ فَلاَ يَقْرَبُواْ الْمَسْجِدَ الْحَرَامَ بَعْدَ عَامِهِمْ هَـذَا وَإِنْ خِفْتُمْ عَيْلَةً فَسَوْفَ يُغْنِيكُمُ اللَّهُ مِن فَضْلِهِ إِن شَآءَ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ حَكِيمٌ - قَـتِلُواْ الَّذِينَ لاَ يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَلاَ بِالْيَوْمِ الاٌّخِرِ وَلاَ يُحَرِّمُونَ مَا حَرَّمَ اللَّهُ وَرَسُولُهُ وَلاَ يَدِينُونَ دِينَ الْحَقِّ مِنَ الَّذِينَ أُوتُواْ الْكِتَـبَ حَتَّى يُعْطُواْ الْجِزْيَةَ عَن يَدٍ وَهُمْ صَـغِرُونَ
Jarwanipun (online link):
He wong-wong kang padha iman! Satemene wong-wong musyrik iku najis (rega/reged/reget); mula aja padha nyedaki Masjidil Haram sawise taun iki ... Perangilah wong-wong kang ora iman marang Allah lan marang Dina Akhir, lan ora ngaramake apa kang wus dharamake dening Allah lan Utusane, lan ora ngrungkobi agami kang bener (yaiku) saka wong-wong kang pinaringan Al-Kitab (yaiku wong Nasrani, Yahudi, lan Zoroastrian), nganti dheweke padha mbayar Jizya (pajeg) kanthi sumarah pasrah, lan dheweke padha ngrasakake awake asor (basa Arab: صَـغِرُونَ).
Wonten ing ngriki صَـغِرُونَ inggih menika tembung saking basa Arab, ingkang tegesipun asor/tundhuk (link). Tembung ingkang sami ugi dipunginakaken wonten ing Al-Quran ing ayat (7:119) lan ayat (7:113) kanthi teges ingkang sami inggih menika “Kapasoraken”. Imam Tirmidhi nggatosaken (pirsani riwayat ing nginggil) bilih صَـغِرُونَ dipunginakaken wonten ing tegesipun تذلیل (inggih menika kapasoraken ingkang sanget).
Ibn Kathir nyerat wonten ing tapsiripun ngenani ayat 9:29 menika (link):
“(lan ngrasakake awake tundhuk.), kanthi nistha, asor lan cilik. Amarga saka kuwi, umat Muslim ora dilparengake ngajeni golongan Dhimmah utawa ngunggahake drajate ngungkuli umat Muslim, amarga dheweke kabeh iku sengsara, nistha, lan asor. Muslim ngriwayatake saka Abu Hurayrah bilih Nabi nate ngandika, لَا تَبْدَءُوا الْيَهُودَ وَالنَّصَارَى بِالسَّلَامِ، وَإِذَا لَقِيتُمْ أَحَدَهُمْ فِي طَرِيقٍ فَاضْطَرُّوهُ إِلَى أَضْيَقِه (Aja dhisiki ngucap Salam marang wong Yahudi lan Nasrani, lan yen sira kepethuk salah siji saka dheweke ana ing dalan, banjur giringen dheweke menyang bagean dalan sing paling cilik).”
Cathetan:
Jizyah menika mboten wonten gayutipun kaliyan pambebasan saking Jihad.Umat Muslim nindakaken Jihad lan pikantuk bagean saking rampasan perang (Ghanimah) minangka ganjaran, dene para Non-Muslim mboten pikantuk Ghanimah menika sacuil wae.
Senasa tiyang musyrik tumut nindakaken Jihad sesarengan kaliyan umat Muslim, piyambakipun tetep mboten badhe pikantuk bagean saking rampasan perang miturut pamanggih sawetara ulama (Sunan Tirmidhi, Hadith 1558)
Nanging saben tiyang (Muslim utawi Non-Muslim) ingkang mboten tumut Jihad, piyambakipun mboten badhe pikantuk bagean saking rampasan perang ghanimah menika. Bedanipun inggih menika bilih tiyang Muslim (ingkang mboten tumut Jihad) tetep mboten kedah mbayar Jizyah.
Alesan ingkang mboten mbejaji saking umat Muslim: Bilih dhawuh-dhawuh menika namung winates wonten ing prastawa Banu Qurayzah
Mboten wonten alesan ingkang saged dipuntampi kagem tumindak xeno-phobia kados mekaten, senasa kamanungsan wonten ing salebeting dhiri umat Muslim piyambak ndadosaken piyambakipun mboten saged nampi dhawuh Sharia ingkang kados mekaten. Amarga saking menika, umat Muslim pados alesan bilih dhawuh-dhawuh menika mligi kagem prastawa Banu Qurayzah kemawon, ingkang nalika wektu kahanan saweg wonten ing swasana perang antawisipun para Yahudi menika kaliyan umat Muslim.
Nanging menika kalebet alesan ingkang mboten mbejaji. Dhawuh-dhawuh wonten ing Hadith menika mboten winates wonten ing prastawa Banu Qurayzah kemawon, nanging menika kalebet dhawuh “Umum” kagem “salawas-lawase” lan kagem “saben” Non-Muslim ingkang gesang wonten ing Nagari Islam lan mbayar Jizya.
Banu Qurayzah menika namung saking golongan Yahudi, nanging hadith menika cetha sanget nyebutaken bilih “Yahudi lan Nasrani” mboten pareng dipundhisiki dipunparingi salam lan kedah dipungiring dhateng pojokan dalan. Kanthi mekaten, panipuan saking umat Muslim mboten badhe saged lumampah wonten ing ngriki.
Kados pundi Umar Ibn Khattab (Khalifah kaping 2) nindakaken dhawuh-dhawuh Sharia kagem tansah ngasoraken para Dhimmi?
Ibn Kathir nyerat wonten ing sangandhapipun tapsir ayat menika (9:29) babagan “Prajanjian Umar” ingkang dipunbebanaken marang para Dhimmi Nasrani (link):
“(lan ngrasakake awake tundhuk.), kanthi nistha, asor lan cilik. Amarga saka kuwi, umat Muslim ora dipunparengake ngajeni golongan Dhimmah utawa ngunggahake drajate ngungkuli umat Muslim, amarga dheweke kabeh iku sengsara, nistha, lan asor. Muslim ngriwayatake saka Abu Hurayrah bilih Nabi nate ngandika, لَا تَبْدَءُوا الْيَهُودَ وَالنَّصَارَى بِالسَّلَامِ، وَإِذَا لَقِيتُمْ أَحَدَهُمْ فِي طَرِيقٍ فَاضْطَرُّوهُ إِلَى أَضْيَقِه (Aja dhisiki ngucap Salam marang wong Yahudi lan Nasrani, lan yen sira kepethuk salah siji saka dheweke ana ing dalan, banjur giringen dheweke menyang bagean dalan sing paling cilik).”
Amarga saka kuwi, Pemimpin umat mukmin `Umar bin Al-Khattab, muga Allah paring ridha marang dheweke, nuntut supaya syarat-syarat (pamasor) sing wus kawentar dijalani dening wong-wong Nasrani, syarat-syarat sing mesthekake pamasor, nista, lan asor sing terus-terusan kanggo dheweke kabeh. Para ahli hadith ngriwayatake saka `Abdur-Rahman bin Ghanm Al-Ash`ari bilih dheweke ngandika, "Aku nyathet kanggo `Umar bin Al-Khattab, muga Allah paring ridha marang dheweke, syarat-syarat prajanjian tentrem sing digawe karo wong Nasrani ing Ash-Sham:
`Kanthi nyebut asma Allah Kang Maha Welas tur Maha Asih. Iki minangka layang kanggo abdining Allah `Umar, Pemimpin umat mukmin, saka wong-wong Nasrani ing kutha anu lan anu. Nalika panjenengan (umat Muslim) teka marang kita, kita nyuwun keslametan kanggo dhiri kita, anak-anak kita, bandha kita, lan para pandherek agami kita.(1) Kita nggawe syarat kanggo awake dhewe bilih kita ora bakal mbangun biara, greja, utawa papan patapan kanggo pandhita ing wilayah kita, lan ora bakal ndandani papan ibadah sing butuh didandani, sarta ora bakal nggunakake papan-papan kasebut kanggo mungsuhi umat Muslim.
(2) Kita ora bakal ngalang-alangi umat Muslim kanggo nginep utawa leren ing greja-greja kita, embuh kuwi teka ing wektu awan utawa bengi, lan kita bakal mbukak lawang-lawang ﴿papan ibadah kita﴾ kanggo wong sing lelungan lan liwat.
(3) Umat Muslim sing teka minangka tamu bakal ngrasakake pondhokan lan panganan suwene telung dina.
(4) Kita ora bakal mulang anak-anak kita Al-Qur'an, ora bakal nuduhake tumindak Syirik ing ngarepe wong akeh, ora bakal ngajak sapa wae kanggo tumindak Syirik, lan ora bakal ngalang-alangi kanca-kanca kita kanggo mlebu Islam yen dheweke milih mangkono.
(5) Kita bakal ngurmati umat Muslim, lan gelem ngadeg pindhah saka papan lungguh kita yen dheweke milih lungguh ing papan kasebut.
(6) Kita ora bakal niru sandhangane dheweke, kethu, surban, sandal, tatanan rambut, cara micara, jejuluk, lan gelar, utawa nggunakake pelana jaran, nyampitake pedhang ing pundhak, nglumpukake senjata apa wae utawa nggawa senjata-senjata kasebut.
(7) Kita ora bakal ngukir cap segel kita nganggo basa Arab, utawa adol khamr (omben-omben).
(8) Kita bakal tansah ngethok rambut ing bagean bathuk kita,
(9) Kita mung bakal nganggo sandhangan adat kita, lan nganggo sabuk (mirunggan) ing bangkekan kita (supaya kita bisa dibedakake saka umat Muslim lan bisa kapasoraken),
(10) Kita bakal ngempet saka masang salib ing njaba greja-greja kita lan nuduhake salib sarta kitab-kitab kita ing ngarepe wong akeh ing dalan-dalan lan pasar umat Muslim.
(11) Kita ora bakal ngunekake lonceng ing greja-greja kita kajaba kanthi lirih, utawa ora bakal ngangkat swara nalika maca kitab suci kita ing njero greja nalika ana umat Muslim,
(12) Lan kita ora bakal ngangkat swara ﴿kanthi donga﴾ nalika ngeterake layon kita, utawa ngurubake obor ing iring-iringan layon ing dalan-dalan utawa pasar umat Muslim.
(13) Kita ora bakal ngubur layon kita ing sandhinge kuburan umat Muslim, utawa tuku batur tukon sing wus ditawan dening umat Muslim.
(14) Isih ana sawetara syarat liyane, nanging Penerjemah basa Inggris tapsir Ibn Kathir ndhelikake lan ora nerjemahake syarat kasebut. Contone: "Kita ora bakal nggunakake pelana nalika nunggang (minangka tandha asor). Lan kita ora bakal nggawa pedhang sesarengan karo kita lan sapanunggalane). Mangga pirsani versi asli basa Arab saka Tapsir Ibn Kathir kanggo babagan iki (link).
(`Abdur-Rahman ngandika maneh) Nalika aku masrahake layang iki marang `Umar, dheweke nambahi syarat, `Kita ora bakal nggebuk umat Muslim siji wae. Iki minangka syarat-syarat sing kita tetepake kanggo awake dhewe lan para pandherek agami kita minangka ijol kagem keslametan lan pangayoman. Yen kita nerak salah siji saka janji-janji iki sing kita tetepake kanggo kapentingan panjenengan kabeh, banjur Dhimmah (janji pangayoman) kita bakal ilang lan panjenengan diparengake nindakake apa wae marang kita kados tumindak marang wong-wong sing mbangkang sarta mbalela.'''
Prakawis menika dipunmangertosi minangka “Prajanjian Umar”. Panjenengan saged maos maneka warna riwayat ngenani babagan menika wonten ing ngriki.
Prajanjian menika kalebet pamasor ingkang sanget tumrap Kamanungsan, saengga umat Muslim dinten menika nyobi kanthi kiyat kagem nilaraken kanthi mastani bilih riwayat kasebut ringkih (dhaif). Nanging prakawis menika mboten saged dipunlampahi amarga para Ulama Salaf (biyen) umat Muslim piyambak netepaken bilih riwayat menika shahih lan ndadosaken bagean saking Fiqh Islam. Tuladhanipun:
- Ibn Hazm, Kitab al-Muhali (Biji: Sahih tegesipun kuwat)
- Ibn Qayyim, Kitab Ahkam Ahl-e-Dhimma (Biji: Dipunprajaji dening para Ulama Islam)
- Ibn Kathir, Kitab Irshad-ul-Faqih (Biji: Jayyid tegesipun Sanad ingkang Kiyat)
- Ibn Taymiyyah, Kitab Iqtaza Siratul Mustaqeem (Biji: Jayyid tegesipun Sanad ingkang Kiyat)
Amarga saking menika, umat Muslim mboten gadhah margi kagem mlajar. Kajawi menika, Khalifah ingkang salajengipun inggih menika Umar bin Abdul Aziz ugi nulis layang kagem gubernuripun, ingkang ugi dados bukti saking wontenipun prajanjian menika (ingkang badhe dipunandharaken salajengipun wonten ing artikel menika).
Pamasoripun para Dhimmi wonten ing salebeting Fiqh:
Imam Abu Yusuf menika murid saking Imam Abu Hanifa, lan piyambakipun dados Qadhi Agung (Ketua Pengadilan) nalika jaman Kekhalifahan Abbasiyah ing masa Harun-ul-Rashid.
Imam Abu Yusuf nyerat dhateng Khalifah Harun-ul-Rashid ngenani babagan sandhangipun para Dhimmi, wonten ing kitabipun "al-Khiraj" (link):
وأن يتقدم في أن لا يترك أحد منهم يتشبه بالمسمين في لباسه ولا في مركبه ولا في هيئته ، ويؤخذوا بأن يجعلوا في أوساطهم الزنارات – مثل الخيط الغليط يعقده في وسطه كل واحد منهم – وبأن تكون قلانسهم مضربة ، وأن يتخذوا على سروجهم في موضع القرابيس مثل الرمانة من خشب ، وبأن يجعلوا شراك نعالهم مثنية ، ولا يحذوا على حذو المسلمين ، وتمنع نساؤهم من ركوب الرحائل
Khalifah kedah ngedalaken dhawuh (miturut Sharia Islam) bilih mboten wonten satunggal-tunggalipun tiyang Dhimmi ingkang dipunparengake memper kados umat Muslim wonten ing babagan sandhangan sarta tumpakanipun. Piyambakipun kedah dipunutus nganggo sabuk mirunggan ing bangkekanipun (supaya saged langsung dipunmangertosi minangka Non-Muslim lan saged kapasoraken) ... lan piyambakipun kedah nganggo kethu mirunggan (sapisan maneh supaya saged dipunmangertosi). Ugi badhe dipuntuntut marang dheweke kabeh supaya ora nggunakake pelana jaran nalika nunggang (iki kanggo pamasor sing banget), nanging dheweke mung diparengake nggunakake barang saka kayu kanggo nunggang, yaiku barang sing digunakake kanggo nggawa barang dagangan. Lan dheweke ora pareng nggunakake sandal sing memper kados sing digunakake dening umat Muslim. Lan para wadon saka dheweke ugi ora dipunparengake nggunakake pelana kanggo nunggang.
Imam Abu Yusuf salajengipun ngendika dhateng Khalifah bilih para Dhimmi ugi mboten dipunparengake mbangun papan ibadah piyambak:
ويمنعوا من أن يحدثوا بناء بيعة أو كنيسة في المدينة إلا ما كانوا صولحوا عليه وصاروا ذمة وهي بيعة لهم أو كنيسة ، فما كان كذلك تركت لهم ولم تهدم ، وكذلك بيوت النيران ، ويتركون يسكنون في أمصار المسلمين وأسواقهم يبيعون ويشترون ولا يبيعون خمرا ولا خنزيرا ولا يظهرون الصلبان في الأمصار ، ولتكن قلانسهم طوالا مضربة ، فمر عمالك أن يأخذوا أهل الذمة بهذا الزي . هكذا كان عمر بن الخطاب رضي الله عنه أمر عماله أن يأخذوا أهل الذمة بهذا الزي وقال : حتى يعرف زيهم من زي المسلمين.
Wong-wong iki (para Dhimmi) ora bakal dipunparengake mbangun papan ibadah sing anyar kanggo dheweke. Lan mung greja-greja sing wus ana sadurunge wae sing diparengake tetep madeg nalika dheweke dadi Dhimmi ... Panjenengan kedah ngutus para punggawa panjenengan supaya meksa para Dhimmi nganggo aturan sandhangan iki, kados dene Umar Ibn Khattab ugi ngutus para punggawanipun supaya nuntut aturan sandhangan mirunggan iki saka para Dhimmi, supaya dheweke kabeh bisa dibedakake saka umat Muslim.
Salajengipun Imam Abu Yusuf (séda taun 798 M) nyathet layang saking Khalifah Umar bin Abdul Aziz (séda taun 720 M), ingkang wonten ing layang kasebut paring pepeling ingkang atos dhateng gubernuripun ingkang mungkasi tumindak ngasoraken para Dhimmi.
قال أبو يوسف : وحدثني عبد الرحمن بن ثابت بن ثوبان عن أبيه ان عمر بن عبد العزيز كتب إلى عامل له : أما بعد ، فلا تدعن صليبا ظاهرا إلا كسر – 138 – ومحق ، ولا يركبن يهودي ولا نصراني على سرج ، وليركب على إكاف ، ولا تركبن امرأة من نسائهم على رحالة وليكن ركوبها على إkاف . وتقدم في ذلك تقدما بليغا ، وتقدم في ذلك تقدما بليغا ، وامنع من قبلك من النصارى قد راجعوا لبس العمائم وتركوا المناطق فلا يلبس نصراني قباء ولا ثوب خز ولا عصب ، وقد ذكر لي أن كثيرا ممن قبلك من النصارى قدر راجعوا لبس العمائم وتركوا المناطق على أوساطهم واتخذوا الجمام والوفر وتركوا التقصيص ، ولعمري لئن كان يصنع ذلك فيما قبلك ، إن ذلك بك لضعف وعجز ومصانعة ، وانهم حين يراجعون ذلك فيما قبلك ، إن ذلك بك لضعف وعجز ومصانعةن ، وانهم حين يراجعون ذلك ليعلموا ما أنت ، فانظر كل شيء نهيت عنه فاحسم عنه من فعله والسلام .
Khalifah Umar bin Abdul Aziz nyerat dhateng gubernuripun supaya ngrusak kabeh Salib Nasrani ing njero omah utawa njaba kutha. Lan wong Yahudi sarta Nasrani ora dipunparengake nggunakake pelana jaran kanggo nunggang, nanging dheweke kudu nggunakake barang nunggang sing biasa kanggo nggawa barang dagangan. Lan para wadon saka dheweke ugi ora dipunparengake nggunakake pelana kanggo nunggang. Undhangna iki marang wong akeh, lan suwuna supaya ora ana sing nerak aturan iki. Ugi undhangna bilih wong Nasrani ora dipunparengake nganggo jubah sarta sandhangan sing apik banget utawa surban ing sirah ... Aku nampa kabar bilih ing wilayah panjenengan akeh wong Nasrani sing nganggo surban ing sirah, lan dheweke ugi ora nganggo sabuk mirunggan ing bangkekan (minangka tandha asor), sarta ora ngethok rambut ing bathuke. Demi Allah, yen kabeh iki pancen kedadeyan, mula iki nuduhake bilih panjenengan iku wong sing ringkih lan ora duwe kabisan ... Sapunika gatekna apa sing dadi tulisanku iki, lan aja marengake wong Nasrani nindakake prakawis iki maneh. Was-Salam.
Imam Ahmad bin Hanbal ugi nyathet pranatan pamasor ingkang sami kagem para Dhimmi (link).
Sarta Imam Shafi'i ugi nindakaken prakawis ingkang sami wonten ing kitab Fiqh-ipun al-Umm (link).
Para Ulama Islam ing jaman biyen wus sarujuk (Ijma') ngenani babagan menika, sarta mboten wonten satunggal-tunggalipun ulama ingkang nolak utawi mbantah.
Dhawuh Al-Quran: Umat Muslim kedah gadhah raos sengit dhateng para Dhimmi sarta mboten pareng nggawe paseduluran kaliyan piyambakipun
Mufti Agung Saudi nyerat (link):
Ora perlu diragukan maneh bilih umat Muslim kudu sengit marang mungsuh-mungsuh Allah lan uwal saka dheweke, amarga iki minangka cara uripe para Utusan sarta para pandhereke. Allah ngandika (tapsiran tegese):
“Satemene wus ana tuladha kang becik kanggo sira kabeh ana ing dhiri Ibrahim sarta wong-wong kang sesarengan karo dheweke, nalika dheweke padha ngucap marang kaume: Satemene kita iki bebas saka sira kabeh lan saka apa wae kang sira sembah saliyane Allah, kita padha nolak sira, lan wus wiwit ana sesambungan memungsuhan sarta rasa sengit ing antarane kita lan sira kabeh kanggo salawas-lawase nganti sira padha iman marang Allah piyambak”
[al-Mumtahanah 60:4]
“Sira (Muhammad) ora bakal nemokake sawijining kaum kang padha iman marang Allah lan Dina Akhir, nggawe paseduluran karo wong-wong kang padha mungsuhi Allah sarta Utusane, sanajan wong-wong iku bapak-bapake, anak-anake, sedulur-sedulure utawa kulawargane dhewe. Kanggo wong-wong kang kaya mangkono iku Allah wus nyeratake Iman ing njero atine, sarta nguwatake dheweke kabeh kanthi Ruh (pitedah, pepadhang, sarta pituduh kang bener) saka Panjenengane”
[al-Mujaadilah 58:22]
Adhedhasar pranatan iki, mula ora dadi perkara sing diparengake kanggo umat Muslim ngrasakake rasa tresna ing njero atine (marang dheweke kabeh).
Amarga saking menika, nalika para pambela Islam mboten gadhah wangsulan kagem bukti-bukti menika, piyambakipun nuli wiwit nyalahaken kita (para Atheis) bilih kita wus salah ngetutake utawa salah njupuk teges saking Al-Quran sarta Hadith. Dene wonten ing kasunyatanipun, ayat-ayat Al-Quran sarta Hadith menika dipunandharaken dening para Ulama piyambak ingkang gesang wonten ing 14 abad pungkasaning 14 abad kepungkur.
